KAKAWIN HAÑANG NIRATHA
I.
BHAWACAKRA
; - - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Ngūni kungkwalangö lengeng saha karaskwiki winawa mareng
pasir wukir,
Lilālalana tan waneh lumaku karwa pangawin n areja murang murang,
Darppā muktya asānāsekar wruh akirim-kirim ujar rara maweh tika,
Hétunya layat ing kalangwan adamar wulan apayung asoka-pādapa.

2.
Grong singgrong pinaranku lengleng
anulis-nulis anak-anakan pudak sumar,
Ngkanéng nusa ri dungusing karang apandan alalah asilā ngunang parung,
Ryaknyanembur anampuh ing watu sumong karirisan amangun kuwung-kuwung,
Harsangkwi leyep ing pasir pada katungkulan ulah ika yan pasang surud.

3.
Tunganing parang arja koñjuk aparan tirisa ika ri
nguni mangjlag,
Tunggal-tunggalāringgungan tuwuh ikārdha katikelana madya kanginan,
Paksānglampusa tan panoliha palanya sumalahima alabuh bañu,
Kembang ning pidadāniba lawas arintunan i pasayuting jaring-jaring.

4.
Angdé kung panalangsanging limut
inaryaken ing anila karya rangkeban,
Byaktāngembangurānjrah ing hni sahing-sahing ngamirah awor lawan hrebuk,
Kembang ning asana anedeng mangiriming bramara reti i tanggaling kapat,
Lunggah ning gadung asemu marga nika wahu lumung atuduh ing karang liman.

5.
Angdé bhranta nikang manah kasapihan lulut inurat
ing smarānglaré,
Kangen rehkwapasah kalawan ika sang wang araras atemah gring ing paran,
Tan polih racanéng karas kun asamun lepiting jurang ika ndadak lutur,
Kadyāres tanah ingwang épu karaget sawang awedi kalandeséng kuku gawuk.

6.
Ah sang tan sah i cita ning ngwang alangö kawekas i rarasing karasikan,
Ndak was-was ing asoka-padapa tengahta malaris anglih pinangkwaken,
Sang mungwing ketering pater tinilar ing sasih keter i rengihta ri jinem,
Lungakun kita kari soka sahajānangisi ri tilising pudak lengöng.

7.
Luhtāngluh rari luh nikang katikelan alis alara patinggal i nghulun,
Lukhwangluh ri larangkwares katikelan tanah amegataken kung ing mango,
Lengleng tenuwahan semu nung gati gatinta tan awalas akalihan ules,
Lenglengkwinalapan maniṣṭa manising mata lumiring anganti sanmata.

8.
Nghing yan matya tuhan nghulun rurubananta menur asana kembangin riman,
Socantendung i waspa ning dyah angling hlihanasares kinewalan,
Carwantebu sepahta marmrik awawan lati rengat arejan hmu guyu,
Nging sambat ngwan amuktya santen i tuhanku mwah atuturanggegö smara.

9.
Ring janmāntara ni ngulun temahanangkwa tapih ing ahajöng kinonengan,
Anggon rakryan amunngah ing jinem arum wiru-wiru ni tepinya meh lukar,
Harsangkwahat i kungta mamrema teher nghulun anulu-nuluh priyambada,
Tibrangkun leseheng paturwan anguyuh panepi kaharas ing wedak anget.

10. Maskwindung
hlem ing dadingku dadi mastawa rimang i patehta ring ajöng,
Sampun gniya ukurnya madya ni tuhanku kalulut ika ratnakiyaka,
Yan kalanta hanéng dalem sayana mangliliga rari kesisan ules,
Ndak tonton gemuhing susunta aringetnyan inusapan I lungiding kuku.

II. KAMA MALA ;
00-/0-0/00-/000/000/-0-/00 = 20
1.
Wekasan
tikang jaruman ojar amelasarep angdadak manis,
Bapa sang tuhanku kita mantuka maluyana rasmi ning preman,
Kawelas arep sang anahen turida pejah akung kakingkingan,
Kadi tan sihanta matemah leleh anangisi laywaning gelung.

Waya téki sambatira ring kidung inamer ahembanan
tatur,
Tulising wilapa rasa basa rudita kahatur sinuksmaken,
Ri gading nikang sumanasé daleming asanapuṣpa susungen,
Mwang ikang sepah tinariméng waja tuwi lumiring maréng kidung.

III.
GIRISA ; 000/000/---/--0/000/0 = 16
1.
Ndi ta kawekasi
ngwang sangsara muni turida,
Ri layatira sang angdé kingking tan hana karengö,
Nir-ubaya kita lunga tan tolih ring alakung,
Asmu Gereh anambang lung ning jangga mangalaya.

Wipata kadi patinggal ning kumbang wane angaras,
Wangi ning asana ring jero ning taman wekasing arum,
Pinagunepaken in glen irsyanom panedeng ika,
Ingayam-ayam ing aptyanempal rumnya tinalinga.

Rumiris i paniram ning luhkwanrang aketer,
Tekap i grehing ojar nguni réh kun ajuruman,
Sinamayaken ikang wruhmrik ning ketaka tinika,
Apan alawas ininté pinrang kilat amedar,

IV. WIDARA GUMULUNG ;
-00/-00/-00/000/0-0/0-0/00 =
20
1.
Mangkin awéh lara murcita ring angen-angenku teñuh ramengö,
Dé sang anambangi rasmi ning ulah ingucap sira matyalangö,
Nghing ideping twas akung tumutura ri pangaranta yadin pejaha,
Tan sih ikang madanāngdani ri papasahing sapatemwan uneng.

Ndin manguneng galuh
ing katiga tuhun akembang a
lot anedeng,
Yan ta ya ning pater ing kapat apituturangatag ing salaga,
Mwang bramara ndi tan angraraha pudak i pandarum-rumana,
Ngwang kadi catakamer anangis angulati ṛemengin jalada.

Tikṣna nikang rawi rasmi mapanasi saroja sedeng sumekar,
Kanginan epu wirang rwang i lemesi lawénya lumé maluru,
Lot amalar udan ing wengi pada ning angél anahen lara kung,
Tuṣṭa ri tanbwang ikang wulan upama cucur penangis kwangsah.

V.
BHAWACAKRA
; - - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Mangké ngwang kaka soka tan palipuran tinilar ing
amisata manglaré,
Karyānungkemi laywaning sumasanak-anak isi ning patah minging,
Tan tolih ri wingitku mar piningit ing bapa bibi magawé prih ing ati,
syuh twas kun lewu nisturanta ring kung kena madana tininggaling mango.

Wruh ngwang yan kita tan resep ring
amaneh maneh i raras
i rasmi ning gati,
Ipyangkwi wengi nguni sang priya tekangaris-aris angisapwan ingulun,
Murang les ri patangi ning ngwang atemah turisa salahasa nusah lulut,
Mwang nétrangkei kiwaketer linawad ing bramara lalita medaran ing pipi.

Ndin sihtajar i rumku wahu sahara masapi luhing
anyar kinolaken,
Tonen ri nagapuṣpa padapā linyutnya saha kusuma sirṇa sempalen,
Simbanten tan alurwa kapwa sekaring kanigara yadi réka ning tika,
Tan waktan sekaring gadung kekesen ing gelung inghanyutan lawan menur.

Yan matyéki lalungkwawa ri dalem ing sayanadan akulé ngwang alépa,
Apan jiwita satmakaku tumuté litat maituturi kapriyambadan,
Dénya ngwang hana ring kapan mapageha ng urip alawasa mangdelö sekar,
Wanten ta lumihat mapan kadi raket mulat asemu salampah ing tulis.

VI.
SRONCA
1.
Iti mangkanési nikanang wilapa winaca,
Winaséng manah mabayangan wawang mawetu luh,
Pangucapirātreh arum atur madukara,
Mulih ing kulem ngulun anukṣma sering ing kita.

Tuwi rāga marga nira sang dyah ojar amedar,
Syapa tan samadya pejahéng tilem wuwusika,
Ri aturni sang bibi kumo sira priya muwah,
Winalas arep juga lanénaris winisikan.

Idep i
nghulun syapa inur menen
kapilaba,
Ati ning lirang pada nirāpupus karirisan,
Lumihat rikang gadung along tekanelas arep,
Kutirah lumunglung angawésa tapwan amekul.

Basamalalis tuwan ulahta nguni wipala,
Tekap i rawit nira kedö mamantwa rasika,
Rinasan smining katirah enjuh angresepaken,
Amirah sugih pirak ngegwan ing kayu kuning.

Wangi ning sekar gadung alah rawitnya tan ireng,
Saka mula-mulanika nityasangdani werö,
Angidan-idan kawi kidung palambang alangö,
Bramiténg pasir wukir alas asangwa turida.

VII. GIRISA ; 000/000/---/--0/000/0 = 16
1.
Nihan ibu gati ni ngwang kawyāmet raras akalangön,
Mider akaras alit lagyasumpang tanah angarang,
Carikakasang ikang lud songgwayakejep langö,
Pater apituturasring munyasru miji talinga.

Karana ning amegat sih wét ning
tan sama si sira,
Rara waged ing dalem ning rajyamrum sugih anulus,
Amihutang i lulut kung maskwa mas manik araras,
Kalililar nira ngangken bibyanalyani ati mar.

Sang ahayu kadi inten
mulyanarga tinarima,
Sapala sira sutéjangdé kung ratna ning ahajöng,
Inawas-awas i tungtungkwi nétrawiji lara kung,
Balik ikang umulat mar twasnyanarawadi reme.

VIII. BHAWACAKRA ;
- - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Wawang adulur mulih sira ri lingsiring rawi surud
nikang jalanidi,
Lumaku ri tira-tira nika ramya lagi mulat i langö rinacan,
Sawanganares katon asawéyan lwah asemu jinem ing rara dyah inamer,
Wuru-wuru ring karang sahaja sisna mati maréng ing remis krang arenah.

Pata-patahan hninya aradia sawang lilit awarṇa ken
alulun,
Imi-imi lén tengen kasatan anggagap tapih ika lwir érang atukup,
Hana balanak sayat gimiwang edi lot angicipi maréng way dalem,
Cangak kacingang tekangadeg-adeg maha tumiling ing yak olinucak.

Jukung anengah lengit lengit saha
layar katon kadi menur mrik
ing gelung asak,
Angaras wereh pangawat ing gurundaya bangun alis juga tikel,
Gereh alirit-irit sakidung ing akung leyep anukṣma ri twas alangö,
Kawad i lukar punempuh ing alun maréng karang ikangisis kasurudan.

IX.
PRAKRTI
1.
Désa paran kunang ri tepi ning tasik suku nikang wukir lengöng,
Nyasa nikahalep hanan angungkul i pasir angungan dresing arus,
Ramya tinol ing rawi tumunggang acala sakaton padasinang,
Sungub aninjang ing keteb apadan alab-alab alindungan tahen.

Kuntul ararya raryan umaren mahas asama-saman ules putih,
Munggwing papah nikang tirisan oruk asemu katisan sakéng banyu,
Seb-seb I pombaking jaladi kanginan aneles agatra ring jemur,
Kulping anyar mekar pada matawan amuhara kadadyaning madu.

Pomahan ing lebak-lebakaning gunungan akus-kukus lengöng,
Nyu gading ing pusung-pusung apendem awatu putih ing geger-geger,
Tal pinahat katon ri iringing wukir agaga-gagākapas talun,
Hertali ri parung tumurun ing lurah alaris adoh maréng pasir.

Tembing
ikarata pasawahan mwah apamadekan tasik
saba,
Tanjang ateb taruntum apasungsungan amapag anungsung ing pasung,
Lunjat angenjuh-enjuh jaruju sarisipan haneng recek,
Tambak ikesi janjan apakung tanah angingin ingin ka jangkungan.

Wahu surup hyang Arka laku ni nghulun alaris amurwa
ring tegal,
Kinjang aganti lén kamanak atri muni ri iringang jurang jurang,
Pangkrik ikang walangkring irika ruwahan I pagering talun talun,
Mar wangi ning sekar kumurungan saha kulurak I pinggiring hnu.

X.
BHAWACAKRA
; - - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Akwéh wanwa kalalwan ing suku nikang wukir
alas-alasan,
Sanjang-sanjang apancuran wruh apangangsawan areja sagawé nikāmirah,
Wanten simbar ikang tehen surabi membang inaras-aras i madubrata,
Tambinyāraras arja cihna maparab Rasarudita Nirarthakālangö.

Sanghyang Candra kaping rwa panglwang iki n
angrahati manahing oneng ing
tilam,
Kadyakon larisahanyang lwir amatemwakenang ajeng I raga ring rimang,
(teks tidak lengka/kurang 2 baris)

ñepñep tingkah ikang tengah wengi rarasnyan akalangan ikang
nisakara,
Ndah lingsir tumuluy malindungan anut hima leyep ariris-riris remeng,
Genter lwir angatag ring ambeking akung mijila ri teka ning tabeh pitu,
Mar mrik ganda nikang mayang lawan asoka pada sinilir ing samirana.

Atur i manehta sang
kadi sasangka purnama ri lenglengin masa kapat,
Amarekaken pudak pangisi ning gelung ulun ulih kwadoh mawukiran,
Lihat i tulisnya sukṣma ri dalem tuhun madanabasa lén sepah arum,
Areja kasandyaning dammar awas lumöng waca tekapta sambating akung.

Kunang irikang wekas ika
dwirepa tekapkwa ng asana,
Anangisi rum-ruming kusumalalana mlas arep mahangrengi-rengih,
Lepit ing jurangnya mesi yasa ri wilah nika palambang ing kawi mango,
Tatarahudan kucup rumepah ing parang satanaha lengöng ring talinga.

Nanten karṣa nirartha tungkulana denta rari
swalaning sepah minging,
Lawan sinja i masku ralwakemulanya lumaku sedenging pajang wulan,
Lingnyan sangwaning luhta matra hana ring sekar asana sakéng gelung lukar,
Yan sih tangenesing taman tuhwan atemwa liringing arejasipat madu.

XI.
ASWALALITA
; 000/0-0/-00/0-0/-00/0-0/-00/00 = 23
1.
Aringkwindung sang lwir sekar asana
ring kartika lengöng,
Sawang janggangol taku ring ri kita lumung tan sakawasa,
Pinunggel tan yogyanya sasihane rum sang araras,
Pater dustanuntun pejahanika réh ning patirengö,

Katuhwan kun patyalabuh igelungan
sang wang ahajöng,
Lukarnyawramawan pipi dawuh ikanapwani pupur,
Lalungkwares wetning kena turida raga lupa ruru,
Kenéng tungtung ning suśwarupit amangun twas tenyuh akung.

XII.
SIKARINI
; 0--/---/000/00-/-00/00 = 17
1.
Maskwindung kadi tan pamatra tuusanta lumawadana
raga ni nghulun,
Apan tinbra nirartha yan dating anukṣma lumawad i hanangku kasyasih,
Sihta dyah rari koluyan lumihat ing arep i kakanta yak mango,
Tan samwa lara kungnya nitya mangiket sekar asana ri kala ning kapat,

Mar twas kun ri teka nikang kusuma campaka wahel i gelungta
manglaré,
Sojarta hanyangeng pasih wukir akalihana tulusa mangrarah sekar,
Ham-ham cita niking twas angdani kasangnya sahaja makiré karas tanah,
Lung ning sanmata rakwa hetu nika yan pasmi karirisan larālangö.

XIII. BHAWACAKRA ;
- - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Dyah sang mas-maniking nghulun mapa ta rehkwa lawas
angarang epu tan wring ulaha,
Yan kangen gati ning mapahyunan angél anaheni lara tibra tan patulungan,
Anghing lot pangimurnya kingking angiket kakawin inapi munggah ring karas alit,
Artanyé wekasing nir akasa yadin pejaha maduluréng ananggabhawana.

Kepwan twaskwamalar sih amrih angusir raras i manis
i rasmi nitya manilib,
Anghing sihta lana tawankwabu pilih kapiwelas asanak apriya n kita iner,
Ah dyah ndi ngwang anis akalihana ring pasir acala rika ngiket kung inamer,
Sang tang sah ri atingkwinapti caranéng smara sapala mahekasih-sihan awor,

XIV.
PRAHARSINI
; ---/000/0-0/-0-/0 = 13
1.
Sampunyan pamaca gurit hanéng pudak mar,
Ndah ngkanungkemi sari ketakisi gita,
Murcasanglih angsah rikang jinem merik,
Nambek madyanika tekap nikang stanamrat.

Awra tang sekar ri gelung muré sawang truh,
Imper kasturi wangi ning pupur lutur mrik,
Lengleng kapwa masidéhararas lumingay,
Mambo kartika kalangönirariris rum.

Nghing cetyamitutur i soka sang dyang angluh,
Toh rakryan ta diwasuhuka masku lingnya,
Mangkat adan ibu maréng taman yan oneng,
Rakryan tsnama ri paliweraning mijil kwéh.

XV. BHAWACAKRA ;
- - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Sistagya gyan tuhan ibu pangenesten dawuh sapta
mangké,
Pengpenging lék sedeng apadang ikang marga tut pinggiring lwah,
Apan byakta nghulun iki karuhun mati yadyan kaciryan,
Dosangkwi nguni tumekaken i sihten sakung lalanambek.

XVI. SARDULA WIKRIDHITA
1.
Mangké rakwa mijil sakéng greha siramor ing wang
akwéh metu,
Nirwighnam tamuluy dateng ri kahanan sang prapta munggwing taman,
Singgih yan pangajöng nikang smara rumakséng sang makarwan lulut,
Nahan hétunika ndatan hana mulat lungan prasida añang.

Ah rakryan sipi bagya ni ngwang i dateng ta Dyah
sakéng jero puri,
Sāksat ngwang katiban sasangka ideping twas kun tuhun tan salah,
Imper kodanan amreta lwir anemung mas ratṇa munggwing awan,
Kagyat gyat matikin mwah wruh i kitapan lwir hyanging kartika.

Ngka mangkat laris ing kulem dinular ing
cetyanawang pawahan,
Towin lingnya lananggyaken wedinikin péten tekap sang yayah,
Méh prapta susu ning wukir leyep pawéh kung ning marā cangkrama,
Angras twas tangising walik leyep molih priyajarnya sih.

Tekwan kaywanika ngules limut anganti tira ning
lwah magöng,
Prihanyang i walikayap cucur rikasrang munyaganting kayen,
Panjrah ning kusumalangö sinuluhan sening keñar ning wulan,
Sampun lingsir adoh mayat rahina tang wintang wuwur nyangdap.

Nahan marma nikang kalangwan atatangdé harsa ning
mulat,
Jöng ning parwata saha ñeñep i ruhurnyan kahyangan sah langö,
Wétan pajrit ikang satalas angani twas mar laki stryadulur,
Tan sah ngganya kidul kawongnya manguhuh kalih priyangdé rimang.

Kilyan cataka ramya harwa wiki tan sah kapwa
munyararas,
Meraknyanawang arum swaranya hana lor strinyadulur tan madoh,
Wahwa gatra mujil Hyang Arka kameñar lwir waktra sang kamika,
Kumbang mör angusi sekar swaranikangreng tandatkakasa.

XVII BHAWACAKRA ;
- - - / 0 0 - / 0 - 0 / 0 0 - / 0 0 0 / 0 0 0 / - 0
- / 0 0 = 23
1.
Wanten déwasabalangö sekar asoka pager ika recep
tiningalan,
Angdé kung gupuranya lengleng asanénangit araras arum lawan wungu,
Tangkebnyarja pudak minging tinulisan madana lalita duta sadpada,
Wah rum-rum panulinya puṣpa kamuning midem anuhara raga ning mango.

Omyang méru subada wahwapatigararas i susu nikantuk
ing tapa,
Kembang ning bakung olihing katanehan suara sakanika ganja pangkaja,
Harsamrat ajahit wulañjar anguré lulut alaris aros tengah nika,
Kén sangub sinujinya nandalika watwaneda manis inaswan ing rimang.

Padma swéta sapajyan ing junem apurwa lawa-lawa
pacarwané riya,
Srak ning tungguli gending arja tadapaksa nika hlar asoka padapa,
Kañcingnyolih inasti gambir inik sekar ing anemu dosa ring tilam,
Rum ning srigading ing pipinaras aras pipil ika sinaroja ring menur.

Angdé kung wangi ning saka dwaja sumar sumanasa sekar
ing mapayunan,
Mwang nilopala tengga tenggak ika kembang ika silihasih lawan priya,
Ekel ning mangunéng galuh saka kayunya maguyang ingt uneng kinolaken,
Jangga puṣpa murénamét tadahalas raras usuk i wilahnya ketaka.

Dwi ning sadpada matta ring srak inalap ning alara
kena kāma murcita,’
Ndah yékan ginawé atep sahaja sarwa kusuma sinawung rinupaka,
Kumran pataka rakta pangkaja rawisnyalata kanaka membang ing kapat,
Sasranyangrek masih sumpinging dyah inamer dura durayika mar kinumkuman.

Ngkanéng késara lingga murti paraméswara pinupul
ing astadéwati
Mambo kasturi lingga murti Paraméswara pinupul ing Astadéwati,
Dyayi sampun abusana makutakundala kawaka luméng andinita,
Naga swarna sawitiratanu sarira mawedihan alit sugandika.

Ndan sengning mati bahurakṣakadi wangkawa tekap ikang urna
baswara,
Lawan purna sasangka tan sah i siranelehi kumeñar ing pangarcanan,
Mrik ning dupa kamarika garu kapur wangi wangi saha gulgulamelek,
Pujantéki regep Bhatara sira somya katuturanasarda sampati.

Bwat patarana raga citra ning amem turida tulis
inañcuran lulut,
Catrawas kilat ing was anta winangun rwa pangaran ia harsa lén uneng,
Mwang tan capa si kingking astranira pañcasara tali danuh welasarep,
Si wrat hyun lingan langö mwah ikang dwaja makara ri rengga ning hima.

Utpati karma bayu mula winatek dudugakena ring ageni
mandala,
Sampun purna ring angga misra wekasan rawi temah ika ring nabastala,
Stityangdada sasangka suda ri dalem twas inapi dadi ratna nirmala,
Linajñana mengeng ring antasamaya smarana wekas I tungtuning mata.

10. Mudradyatmuka
mantra sari rinegep katutura kita kāma satmaka,
Aywadoh paraning idep niyata n akuñcing ngaran ika siranandi ring ati,
Poh ning yoga rahasya marga hening ing smreti patitis ika granasika,
Byaktékin madanodaya karma pangarcana ri sira Bhatara Manmata.

XVIII PADMAKESARA ; 0-0/--0/-00/0--/-00/-0-/00 = 20
1.
Huwus ngwang anekar tumunten alaris tumekakeni
kahapti ning ati,
Ya tang jajah i ramya ning kusuma lengleng ing acala maréng wanāsrama,
Asing sekalangön ikang wukir ri sangka ning jurang ika durgama nusir,
Lananginep ikang yasasepi mwah ngwang aguling irikang silata.

Piréka lawas inghulun layat angindangi kalangön i
kala ning kapat,
Kalawan ika sang senengkwi ati tan sah adulur apajeng pajeng sekar,
Sawang hini hini ngwang ing jaladi tira lumaku masuluh suluh ulan,
Rasangkwi ati tan maluy mulaya ring pura kajenekan ing pasir wukir.

Katon lura lurahnya kongkulan ndoh pasawahan arata
tegal tegal,
Nadi tat añamut ñamut lwir i tahenya kinemulan i sangabing limut,
Wihara kuti sala mandala kasiman atata kalangönya seh sekar,
Sanipapa nika candi kahyangan apandan apudak angudada ring parang.

Yasararas i pinggiring awan awandira pada pada
litayatumpyakan,
Pradésa suku ning ukir kajawehan añar asemi tahenya garjita,
Lengöng patani tona ni kabuyutanya tuwi induk éndah ing langö,
Sahamuhara kung rarasnya ni kanapaludawang ing asraméng geger.

Kurang temu ulan lawaskun amisata suka mulih
ingundang ing yayah,
Samangkana marek nghulun saha karas tanah inaturaken ri jöng aji,
Satusta Naranatha mogha manganugraha lepihan ikarya lén tanah,
Winéh muwah amuktya sima demak ing yayah angulihi rena ning mango.

XIX SIKARINI ;
0--/---/000/00-/-00/00 = 17
1.
Mwah lampahkwadan laris amusirang wana asenet,
Sawang soka pwang tani ri rebang ikang darma kusala,
Yasanyak rincung lewes aryugan sampun atuha,
Sukunyangres karwa lemah apisang ardadyalas agöng.

Kalagyan pinten hyangnya pada magegeh kapentan alek,
Bangun kepāmbek tong ganapati tibéng bunyagulingan,
Agāstyānom lwir duhka arep atulung saksat awelas,
Katon magem ri kundi manik hatur pangdustanira.

XX KENDRAGATI ; 00-/00-/000/000/-00/-00/0 = 19
1.
Sipi rāmya nikang wang ahañang adulur ing pasisi
Irikang masa kārtika pada silih harsa awor alulut
Musi sūniya ri dunghusi karang ika tulya tang tumawing,
Angungang bañu sāgara pasang angaluntur asah gumuruh.

Tuwi nusa kidulnya winulatan apurwa sawang siluman,
Kadi citra parang-parang ika gumantung anginggil aras,
Kasirat-siratan ryak ing udadi karangnya rebah sawaneh,
Tan aran tikang ampuhan amaji kappa rumasa hati mar.

Pataninya ya keñjuk aruhur asamun kadi muksa tinor,
Mapa nguni katatwa nikang uneng irehnya dinuryaken,
Wulatanya lewas pilih ajaman i jangga sekarnya muré,
Sawang apti lawad lawadan ing alanga rwan ika sawang ngawé.

Hana camara kanginan igeger ika kacer atrya surak,
Tinaha ayang ika senetana mawangsit ikang ahanyang,
Wad ikang kayu molur itepi ning adya ngasut parangan,
I rangatnya mijil bañkumucur atis dawuh ing jaladhi.

Nyan arupa karang samaja recep i pandan ikanulalé,
Rwa sulurnya mangup kadi gading aputih tinaheng alangö,
Katirah lumung ing pamiwung areja pi sinampiraken,
Kadi dinyusan ing angin asemu kinañjuran ing ryak anut.

Alalah lwir i dunghus ika saha silanayana kusuma,
Jrah asoka ri sornya panepa neparan sang anis ahañang,
Hana wuryanikang lepihan alit inaryaken amelas-arep,
Sahaja ngres i sembat ika pitengan ing kawi matya langö.

XXI BHAWA CAKRA ; ---/00-/0-0/00-/000/000/-0-/00 = 23
1.
Yak pangdadya pater nghulun rari rengö tuhan aketer
ri kalaning kapat,
Nda tan krakasa pasyang ingwang i sedengkun amisiki kapö sakéng remeng,
Nanten téki pupur ta kanginan anut jalada pinaka tengeran i ngulun,
Ngka ta kung tumibéng susunta saha luh riris snirami rasmi ning pipi.

Ndi ngwang jiwana mantuka ngwang umuwah silihasih
angajeng karasikan,
Apan tan hana mati rakwa maluyéng greha mangucapa kapriyambadan,
Nétranyangdadi téja bayu matemahan wangi mawuwu sughanda nung sekar,
Twak mantuk ri samuhaning giri wana ksiti rudira mulih maréng nadi.

XXII BHAWA CAKRA ; ---/00-/0-0/00-/000/000/-0-/00 = 23
1.
Sembahkwanumata dé sanghyang atanu tan dosa mada
ring ambek,
Sang déwaning uneng angdé lara turida gring sihuhen akingking,
Nityamuhara lulut sang liwing ing anyar wahu mulat anyenyer,
Munggwing gelung ika kung sang hana ri sipat mwang pupur ing awor sih.

Lengleng kita ri dalem ning jinem apupul raga ning
anusah kén,
Saksat mangawak i res ning kuku rumaket ring susu kinenan prih,
Ngkanéng pangaris-ris ning mangareki munggwing lati rengatakram,
Ring luh kita pinaka hyangnya sedenging angres kena madanāstra.

Ring tāman ing asanāñjrah pudak umawah ring sikari
menur mrik,
Tan sah kita ri remeng ing jaladara mendung pater ariris truh,
Ring sagara wukir ing kartika kita tan lén wekasing lengitnya,
Lyab tang sawisaya ning rāt kapenuhan ing hyunta yadi kasunyan.

XXIII CITRA TURIDA ; --0/000/--0/000/--0/000/-0 = 20
1.
Swapnangkwi wengi nguni sang priya katingalan ameng
ameng ing taman lengöng,
Yékan garjita cita ning wang i dating nira tuhu tan irat pwa ya ngenes,
Mar twas kun lumihat yajengnyan asawang kanaka linger anoraken tulis,
Tambay ni ngwang anon ri rupa nira pantes ahayu paka katwaning puri.

Ngka ngwang ragan amoga wasa mangisapwan añuluring
ujar walat smara,
Nda tan sangsaya gong ing ambek abimana tuwi gati nika dwajahreta,
Apan kagraha rehnya sampun inanugrahan ing atanu ratna kanyaka,
Ah ndin wadaka ing wenang syapa tika taha taha ning ulah anwruha.

XXIV WIRA
LALITA ; -00/-0-/000/-0-/00/0 = 16
1.
Mangkana ta aku sāmpun umasuk maréng greha lata,
Harsa teka ngisapwaken awasana ñulu ñuluh,
Wau mawéh sepah nghulun amoga tan tinarima,
Kosap agatra rasmi ri pipiniya randi rumaket.

XXV BHAWA CAKRA ; ---/00-/0-0/00-/000/000/-0-/00 = 23
1.
Rakryan sang kadi rum-rum ing menur ares tinalinga
masa ning tibang lalung,
Harsangkwibu wasangaras pipi wanginya sihaja suganda ning pupur,
Epwambek ning aséwa rasmi ning liringta dumadakapihéwa tan ulat,
Pungkur yan kinayuh lumingsir anulak jaja kinisapu lot manikwaken.

Ndi tan tusta nikang madubrata tumona rarasing
asanusuhun sekar,
Eñjunyan pakiré manis manis i sabda ning angamer amuktyaken wangi,
Angres twas karengö paminta nika santen asemu rasakapriyambadan,
Sampun nggya winéh yawasuka sakokila lumiyat i wimba ning wulan.

Eman tan patewas nghulun mulata kéwala turung ngajeng
karasikan,
Imper tingkah ikang manuk tadahasih katileman i peteng nikang ati,
Érang lwir gati ning mango kahilangan tanah hana ni karasnya nispala,
Tan sidāmbek ikang lengöng kadi gadung lumung angawé ya doh sakéng lirang.

XXVI ASWALALITA ;
000/0-0/-00/0-0/-00/0-0/-00/00 = 23
1.
Ibu kita tan arep ri kami māsku ling ta karengö
anundang ing ujar,
Mapa kari réha ni ngwang iki dénta molih irikang wasah wang alangé,
Satata manganti ning hulun i rūmta tan pabalikan lulut lalu lalis,
Wekasan adoh sawang jalada sabda tan panurun ing tahan raga akung.

Pangayam ayamku yan tulus atumwa tang racana gita
basa kakawin,
Mahas haséng pasir wukir ri kala ning masa kapat lawan sang araras,
Suka ning akalihan ulesira ramya ning maninepan angaywa turida,
Ajinema padapasayana puspa mar mrik akajang mirah pudak arum.

XXVII BHAWA CAKRA ; ---/00-/0-0/00-/000/000/-0-/00 = 23
1.
Mangké pwa ri uyungku tan pajamuga ng kidung ulih i
kakanta tan padon,
Apan tan hana yogya tandinganing masku racanakena citra ning karas,
Lenglengkun ulat ing taman kadi hana dyahari manalukat kasangsaya,
Ngkanéng asoka sih kusuma rakryan anikeli alis lanaréngu.

Bhranta ngwang mangajap ryajengta kadi cataka
sumawak i rengrenging hima,
Wét ning dusta nikang samirana dumohaken angirangi cita ning ares,
Yékawas ilang i tawang saguna ning wang amasahaken ing sedeng lulut,
Tan samwah mapasah pamegat ing smara karananiki nda tan tulus.

XXVIII SIKARINI ;
0--/---/000/00-/-00/00 = 17
1.
Katuhwanyéking swapnangidan idan raga turidan,
Idepkwamempeng kung salahasa ri lunganta wisata,
Arikwindung rakryan tulung aku tulih tangajeng uneng,
Tusap luhkun mange yayi mapa kitendugkun alalis.

XXIX MADRAKA ;
-00/-0-/000/-0-/000/-0-/000/0 = 22
1.
Yan gadung aku māsku kita tulya rumrum ikanang
manur sakinayuh,
Srigading arja ta membang anedeng padanta kami yan welas hyun amilet,
Lwir mangunéng hulun luma angol i tanggali garanta añjrah asekar,
Sungsang ika malik srak alamah maréng alikukun dumoh ri wekasan.