KAKAWIN ARJUNAWIWĀHA
Om Awighnamastu,
PUPUH 1
ŚARDŪLA
WIKRĪDHITA ; ---/00-/0-0/00-/--0/--0/0 = 19
1.
ambek sang paramārtha pandita
huwus limpad sakéng śūnyatā,
tan sangkéng wisaya parayojananira lwir sanggrahéng lokika,
siddhāning yaśa wīrya donira sukhāning rāt kininkinnira,
santosāheletan kelir sira sakéng sang hyang Jagatkārana.
2.
usnīsangkw i lebūni
pādukanirā sang mangkana lwirnira,
manggeh manggalaning miket kawijayan sang Pārtha ring kahyangan,
sambandhanya bhatāra śakra katekan durnīti lāwan bhaya,
wwanten détya madeg niwātakawaca kyāting jagat digjaya.
3.
jengning méru kidul kutanya
maharep sumyuha ng indrālaya,
mwang molih warawīrya tan pejaha déning déwa yaksāsura,
nghing yan mānusa śakti yatna juga ko nāling bhatārériya,
yékānitya hinem watek resi kabéh ring swargga hārohara.
4.
sang hyang śakra sumimpening
naya kumon pehning rasālapkena,
an wwang śakti sahāyaning mejahanéng śatru péten tekā,
sang Pārtha pwa hañar karengwan atapā sādhyā jayā ring raņa,
yan polih wara hundangen lewu matéwehning kŗetānugraha.
5.
wyarthékang japa mantra
yan kasalimur déning rajah mwang tamah,
nghing yan langgeng ikang śiwasmrti dhateng średdhā bhataréswara,
ambek nirwisayālilang huwa huwā lwirnyān sukhādhyātmikā,
singhit mātra juga prabhédanika lāwan prih kayogīśwaran
Bersambung .........